Sing Edan

jare bang narji klambi tahanan e ra ana sing sedheng
klambi abang krudung ireng
jan wes padha gendheng
suara rakyat kaya bindheng

wo lha dhasar plitik uceng pilek
paripurna malah mbokep
dhasar rupamu pancen sepep
jare arep mbangun gedhung
luwih seko sak trilyun
isoh nggo mbayar tiket sak stasiun

pemimpin e marzuki ale
ganti marzuki mohammad wae
ben dho dientekke

yo yo

iki suara rakyat sing prasaja
ning kakehan protes
merga pemerintahan e koyo kotes
dadio wong sing sujana
aja nganti dadi gondes
mundhak kotes e dipepes

saiki korupsi wis ra karuan
sing gedhe wi ra mikir kahanan
nek ndhodhok padha ketok mblundheng sak pedang
dadio wong koyo briptu norman
loyal marang sing ngwenehi gawean
jare Jahanam jaman e wis edan

kawula pujangga saking ngayogyakarta
kepingin paring warta
dhumateng panjenengan sedaya
ingkang taksih eling
marang ingkang peparing

jaman e wis edan
delo meneh kiamat
raga wis arep niggalke badan
aja nganti edane malah kumat

yen edan e wis kumat
sumangga kersa dipunbabat
elinga serat kalatidha
ye wis eling rasakna ining dhadha

saiki cicak nguntal boyo
jian tenanan le ndlogok
wis jan ra karuan le dho edan
nek dho nyambut gawe aja kaya tambal ban
duduk manis nyante tenan

wis rampung cangkemku le muni
ge dho dirasakke ning ati
kaya ngapa lara ati kuwi



0 komen:

Loading

Popular Posts

About Me

Foto Saya
ANGRY JACK
sleman, yogyakarta, Indonesia
tiyang ingkang radi edan. rasah maen-maen karo wong edan, mundhak kedana. ckckckckck. facebook : http://www.facebook.com/emceben
Lihat profil lengkapku

Pge Views

Facebook Fans Page


ShoutMix chat widget

cn. bl.

Diberdayakan oleh Blogger.

Web Informer Button